Dadi bocah ojo mung mabuk wae
Ra mikir piye bapak ibune le podho nyambut gawe.. (4x)
Seprene kudhu wis wayahe bayar SPP
Murid liyane wis do bayar gari dheweke
Bali neng omah matur karo bapak-ibune
Njaluk duit nggo bayar SPP critane
Direwangi mbesengut raine ro mrengut
Njaluk duit atine ro nggresulo
Ngodo nek ra mbayar mengko yo di D.O
Mbasan wis entuk duit eh lha malah koyo ngono
Lha piye to dasare bocah ra toto
Duit SPP malah nggo mabuk ro konco-konco
Ra mikir wong tuwo le nggolek nganti ngoyo
Nganti ngelus dodo utang tonggo-tonggo
Dadi bocah ojo mung mabuk wae
Ra mikir piye bapak ibune le podho nyambut gawe.. (4x)
Mabuk wae, kuwi wis pancen gaweane
Ragate urunan ngompasi njaluki konco-kancane
Nek perlu duit SPP dinggo muthus yo
Ra mikir wong tuwo le nggolek money money money
Cen pengung bocahe rodho suwung
Ora muthus wae dijak omong ora tau nyambung
Wis nek sekolah mbolosan ora tau sinau
Ono pelajaran malah wee... ditinggal turu
Ra nggagas, ra mikir ono bu guru
Gurune nesu-nesu banjur dikon metu
Batine bocahe, malahan...
Asik tenan... ra melu pelajaran..
Mending mbolos wae malah kepenak
Sekolah ra dadi ati mergane ora jenak
Walah le.. kowe arep dadi opo nek arep tumindak ngiwo
Malah mesakke wong tuwo, eman-eman sik ngeki upo
Dadi bocah ojo mung mabuk wae
Ra mikir piye bapak ibune le podho nyambut gawe.. (4x)
Wow wow wow (yipiyaw yipiye)
ROTRA-JAHANAM (kumpul bareng neng kene)
Melu prihatin (nyawang kahanane)
Bocah saiki (cen ra umum nakale)
Mesakke wong tuwo nyambut gawe rekaso
Tumindak culiko mbok yo dipikir dowo!
Ra sah neko-neko urip sing prasajo
Nek ora nggugu awas mengko ciloko!
Saiki cobo (sopo sing wis ngragati)
Ngrumat rupamu (wiwit seko bayi)
Nek mung dinengke (kowe ra mbejaji)
Mulane dhapurmu (rasah dho kemaki)
Bocah ra nggenah, bapane kepradah marai kabeh susah (susah)
Karepe kabeh sing ngalah (ngalah) karepe kabeh sing salah (salah)
Mulakno mirengke, menawi mekaten monggo menggalih kang lerem (lerem)
Menika perkawis, kang sampun cumawis, mboten sah sami (ceriwis)
Dadi bocah ojo mung mabuk wae
Ra mikir piye bapak ibune le podho nyambut gawe.. (4x)
Artist: JAHANAM feat. ROTRA
Download Mp3
No comments:
Post a Comment