Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun eling gendakane
Pancen kadhung rusak negarane
Mulo ojo gumun nek rakyate kere!
Nek wong sugih le gendakan neng hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan neng hotel murahan
Durung nganti anget keno razia kisinan
Nek wong gedhe konangan selingkuh malah kondhang
Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
Opo koyo ngene jeneng negara berjuang?!
Segala sesuatu ditentukan dengan uang
Podho-Podho gendakan hukume dhewe-dhewe
Pancen hukum kuwi gendakane wong-wong gedhe
Wong cilik kerjo sengsaro ningo tetep kere
Wong gedhe kemaki urip sak karepe dhewe
Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
Koalisi politike mung perselingkuhan
Beras larang minyak mundhak ra karu-karuan
Politike nglambrang mung ribut ngurus gendakan
Mulo ojo munafik koyo wong-wong politik
Dadio wong seni kritis peduli ro wong cilik
Wong politik munafik ra gelem nompo kritik
Geleme nompo duit cacahe ra sethithik
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul.. (2x)
Akale wong lanang nek dolan neng Pasar Kembang
Gawe alasan golek aman ben ra konangan
Politik saiki cen seneng maen belakang
Njabane resik jebul njerone selingkuhan
Lumpur lapindo metune seko Sidoarjo
Bojo loro, kabeh kok seneng nggodho
Wis merdeka, sih ono kumpeni londo
Nembaki rakyat, rakyat neng Alas tlogo
Nganggo tank top, mlaku neng Pasar Bantul
Sangu kates, katese mental-mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
Tapi jare keno peluru mantul
Buah langsep, tuku regane larang
Montore nyungsep, nyungsep neng njero kotang
Negara lemes mergo kakean utang
Bandhane ludhes, sing nilep kok dho ilang!
Manuk podhang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek-entek, leh ku seneng gendakan
Nganti modar, nganti tekan kuburan
Kadhung remen, ceweke Cak Paimo
Cekap semanten, niki atur kawulo
Ono kupat kecemplung neng njero santen
Menawi lepat kawulo nyuwun ngapunten
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul... (2x)
Artist: ROTRA
Album: JHF Poetry Battle 2 - The Others
Salam...saya orang Melayu-Malaysia. Saya ada darah keturunan Jawa tapi sayang, saya tidak pandai bercakap Jawa, faham pun sedikit. Arwah atuk saya namanya Ngadi dari Pulau Jawa. Moyang saya namanya Titoerkromo. Boleh tidak kiranya saudara/saudari memberi makna dalam bahasa Melayu pada lirik lagu ini?. Lagunya agak catchy, malah liriknya bagaikan mengatakan tentang semangat kebangsaan tanpa politik... email saya janggutputih@gmail.com
ReplyDeleteSaya dahulukan dengan terima kasih.