Wednesday, August 6, 2014

Kere Munggah Bale Lyric - Didi Kempot

Nok Sri Mulyani saiki uripmu soyo mukti
Nyandang nganggo ora nguciwani
Mergo saiki wis dadi penyanyi
Nok Sri Mulyani gayamu cen koyo selebriti
Mulo saiki kowe wis lali
Karo aku sing ndadeke penyanyi..

Eling.. eling.. kowe mbiyen dodol sego kering
Barang saiki dadi wong kondang
Kowe njur lali karo kahanan
Eling.. eling.. kowe mbiyen dodol sego kucing
Barang saiki dadi wong gede
Kowe koyo kere munggah bale..

Nok Sri Mulyani senajan saiki kowe wis lali
Nanging tetep tak dongake
Mugo-mugo ra balik dadi kere..

Nok Sri Mulyani mbiyen umahmu ora mbejaji
Setan wae mlebu ora wani
Ning saiki wis apik koyo loci
Nok Sri Mulyani kowe saiki cidro ing janji
Janjimu mbiyen ra bakal lali
Karo aku sing ndadeke penyanyi..


                  Artist: Didi Kempot

No comments:

Post a Comment