Dik sajake kok ono perlu
Isih esuk kok nangikne aku
Ning tanganmu kok nggowo palu
Opo toh sing rusak dipanku?
Wis kowe ra usah suloyo
Ndek mbengi metu karo sopo
Ning klambimu lipstike sopo
Yen dudu bocah wadon liyo
Ndek mbengi aku ra neng endi-endi
Malah aku njaluk tulung dikeroki
Pirang-pirang dino ora mbok turuti
Rasane gegerku koyo disunduki
Wong wadon ngendi sing bakal kuat ati
Klumprak-klumpuk ben dino makani tinggi
Njolak-njaluk ning blanjane ora mesti
Opo aku arep mbok pakani wedhi?
Wis ndang nyingkir, nyingkir, nyingkir, nyingkir
Emoh dik!
Yen ngono aku wae sing nyingkir, nyingkir
Ojo dik!
Aku masih cinta padamu..
My darling I love you..
Artist: Didi Kempot feat. Dini Aditama
No comments:
Post a Comment