Saturday, November 8, 2014

Jagal Pabu Lyric - ROTRA

Kecekel apa kecencang bakale mengko dadi panganan
Dipangan barengan rasane pedan, belbu daginge pabu seporsi bethu
Aja dha rebutan, bakale kebagian, galo ning pawon jan akeh tenan!
Dina wingi karo kanca-kancaku ning ndesa golek pabu
Sing akeh sisan ndangil pabu ning ndalan..
Nggone sapa wae sing ketok bakale mlebu njero bagor
Lha ra ketok, lha nek ketok, sing ndelok sing nduwe pabune mbengok
Marakke wong-wong padha teka banjur nggepyok, kisinan, kelaran, misuh saciladh!
Ning ora, kuwi mung umpamane, dadine aja nganti konangan!
Malahan pinter tenan, pegun pabu lima, lemu kabeh, terus lunga balik neng podape
Ngundang kanca pakare pekara mateni segawon, Jagal Pabu..
Sing nggegirisi caramu mateni, dijiret tali, blebekke kali..
Bolak-balik dipenthungi ra mati-mati..
Tegel tenan weruh pabu kelaran, dadi gaweyan..

Iki critaku critane Jagal Pabu, aja digugu aja padha ditiru! (4x)

Jagal Pabu mara karo nesu..
Goro-garane kancane mangan asu rombongan ra ngejak dhewek'e
Rumangsa kancane barengan dha pesta, dha seneng, kok meneng ra ngejak aku..
Nek lagi butuh san pedan embuh, nek lagi butuh mara dha ngundang marakke kisruh
Jane merga kepeksa, gaweyane we meh saben dina
Lha ngapa ta kepeksa, lha jarene ra ana liya
Sik kosik njaluk.. dha padha entuk, mara rana melu pesta, kepeksa dha padha kepeksa
Nampa.. mula deknen'ne melu ndana, le mangan we kaya Buta!
Lali karo kanca-kanca dha nggresula, ra krasa, dirasani malah saya ndadi
Tetep ra ngerti, saya mbungahi, mangka padha wedi..
Arep ngandhani dipendhelik'i karo ngathungi kepele tangane sing gedhe
Milih padha ngalah, ketimbang malah mengko dadi kerah
Karo japemethe, ra sah.. petungan malah agawe crah agawe bubrah..

Iki critaku critane Jagal Pabu, aja digugu aja padha ditiru! (4x)

Dha kumpul dha pesta sinambi cerita, dalad tambul dha lodse, dasun karo bala..
Mbrebeki tangga-tangga diparani seneni wong rondha, gage meneng padha rumangsa
Senggoyoran.. nggelar klasa turon ning jogan, cengengesan.. saking senenge
Neruske guyonan padha seneng tenan, dha nganti krenggosan kentek'an ambekan
Kesel turu, kabeh turu, ngimpi dhewek'e kecekel pabu
Dicekel uga dicencang, bakale mengko dadi tahanan..
Ditahan.. diwales arep dipangan karo pabu sing dadi musuhe..
Keweden njuk mlayu.. gentenan digawe mangsane, pabu kok dadi saya tene
Raksasa sing medheni rupane.. Jagal Pabu mlayu kesandung gemlundung..
Ketendhang, kepidhak, kesamplak pas irung, gumregah-gumregah ndang tangi
Kancane padha bingung weruh Jagal Pabu kok tangi
Isih bingung dha ditakoni jagal pabune jebule ngimpi..

Iki critaku critane Jagal Pabu, aja digugu aja padha ditiru! (6x)

Iki critaku...


                 Artist: ROTRA

No comments:

Post a Comment