Saturday, November 8, 2014

JULA JULI GURU Lyric - JAHANAM

Aku ngelak tak ombeni ciu 
Botole putih njerone biru 
Aku seneng dadi guru 
Masio mendhem tetep digugu
Wadhuh-dhuh-dhuh cen enake 
Ciuku cap guru lan murid
Wadhuh-dhuh-dhuh cen nasibe
Gajiku thitik ming dadi slilhit..

Guru iku contoh sing ditiru 
Guru iku contoh sing digugu 
Budhal ngajar ojo nganti telat 
Tingkah lakune jo ono sing keliru
Ilmu guru perlu ditingkatno
Senajan kesel kudu sregep moco 
Saiki jamane wis maju lan berkembang 
Guru ra oleh kesed ben ra ketinggalan
Guru iku wakile wong tuwo 
Dipasrahi ndhidhik anak biso dadi utomo
Mulo guru kudu ngadohi penggodho
Uripe sacukupe, sederhana lan prasojo
Ya, bapak-bapak ibu-ibu kulo aturi kabeh
Ono pepatah mengatakan: 
Guru kencing berdiri, murid kencing berlari 
Iku artine, guru kudu tansah eling lan ati-ati 
Ojo nganti dheke dhewe sing malah kencing berlari..

Sekolahku adoh, honda pitu limo 
Distarter macet, eeh.. karbulator nggodho 
Mulo ku ra iso, ora iso teko 
Teng.. pas jam pitu kurang limo 
Aku wajib nagihi SPP muridku 
Nek nganti telat diseneni pimpinanku 
Neng anakku dhewe nangis nganti kaku 
Mergo sekolahe durung tak bayar ping telu
Mbengi kudune ngoreksi, malah tak gawe nyambi 
Ngojek neng jurusan Brebah-Gendhingsari 
Bali tekan bengi awak kesel njaluk prei 
PR murid-muridku ra sido tak koreksi
Jare dadi guru panggilan sing mulio 
Nek kanggoku, guru nasib sing rekoso 
Nasibe wong cilik sing kudu sengsoro 
Ra iso disingkiri mung kudu ditrimo...


                     Artist: JAHANAM
                     Download Mp3

No comments:

Post a Comment